Sabtu, 30 Desember 2017

Unen - Unen Jawa

Piwulang saking unen-unen kaliyan cak-cakanipun ing masyarakat :

1. Aja bungah ing pangalem, aja susah ing panacad. :  
Tegesipun ampun bungah nalika dipunalem, ampun susah nalika dipunpanacad.
Kita kedah nggadhahi manah ingkang ageng ugi watak ingkang luhur. Tiyang ingkang nggadhahi manah ingkang ageng boten kesupen sakiwa tengenipun amargi dipunalem ugi boten ngalit manah amargi panacad. Tiyang ingkang nggadhahi manah ageng, gadhah kekirangan ugi kasaenan piyambak – piyambak ingkang dadosaken babagan ingkang positif ugi saged ngatasi kekiranganipun. Wonten babagan menika gayut kaliyan gesangipun piyambak dhumateng tiyang sanes ing masyarakat. Gegayutan kaliyan mawas dhiri, ampun remen damel panacad dhateng tiyang sanesipun. Kita sedaya kedah "ngilo githoke dhewe".
Tuladhanipun tiyang ingkang dipunpanacad bodho ampun ngalit manahipun, kita kedah mbuktekaken menawi kita saged supados panacad bodho menika saged ical dipungantos pangalem pinter. Ananging menawi sampun dipunalem pinter ampun ngantos dados anggak. 
2. Aja nggege mangsa : 
Tegesipun ampun meksakaken piyambakipun anggenipun pikantuk asil ingkang dereng wancinipun, amargi menapa ingkang dipunpikantuk boten ndumugekaken. Sedayanipun ingkang wonten donya mbetahaken proses boten lajeng dumadakan wonten. Gegayutanipun kaliyan eling, manungsa kedah eling ugi waspada menawi sedayanipun mbetahaken wanci saha proses. Kadosta menawi badhe pikantuk aos ingkang sae kedahipun sinau rumiyin, nyuwun pirsa bilih wonten babagan ingkang dereng dipunmangertosi, ampun ngepek ugi ampun ngangge cara ingkang ala. 
3. Cakra manggiling : 
Tegesipun gesang inggih punika kados roda ingkang muter, kadang kala wonten nginggil kadang kala wonten ngandhap. 
Wonten masyarakat kita kedah mangertos bilih menapa kemawon saged ewah mukawis wanci. Kala kita dipunsukani rejeki kedahipun ampun kelangkung mbanggakaken menapa ingkang dipungadhahi, mekaten ugi kala kita saweg susah ampun kelangkung sedhih. Sedayanipun saged ewah malih. Sarehdenten punika kita kedah caos syukur dhumateng peparingipun Gusti. Gegayutanipun gesang manungsa dhateng Gusti ingkang Maha Kuwaos, 
4. Ngono ya ngono, ning aja ngono : 
Tegesipun ngarahaken gesang supados saged ngetrepaken piyambakipun, saged nempataken ruang ugi wanci. Dados sedaya ingkang badhe dipuntumindakaken kedah manahaken dampak dhateng tiyang sanes. Menawi kita badhe tumindak saremen manah, sedaya punika boten dados perkawis, ananging ingkang dados perkawis inggih punika menawi tumindakipun nyukani babagan awon dhateng tiyang sanesipun. Wonten masyarakat ampun ngantos asal nyeplos ugi tumindak, kedah mangertosi empan papan. Tuladhanipun menawi mertamu wonten dalemipun tiyang sepuh kedah mangertosi unggah – ungguhipun, ampun saremen piyambak.
5. Giri lusi janma tan kinira : 
Tegesipun tiyang boten saged ngukur kekiyatan utawi kesagedan tiyang sanesipun. Ampun nggampilaken sanesipun, amargi tiyang setunggal kaliyan sanesipun nggadhahi kesagedan piyambak – piyambak. Kita kedah ngajeni sanesipun. Kadosta ngaosi pamanah, ngajeni kekiyatan tiyang sanes. Ampun ngantos nggampilaken tiyang sanes, amargi menika padamel ingkang awon. Gegayutanipun kaliyan tepa selira. Tuladhanipun tiyang ingkang boten gadhah beya dereng tamtu boten saged ngraosaken sekolah amargi wonten jaman samenika sampun kathah beasiswa saking pemerintah, mliginipun kangge tiyang pinter saking kaluwarga ingkang kirang mampu.
6. Bacin-bacin iwak, ala-ala sanak : 
Tegesipun mbasi kita gadhah sedherek ingkang nggadhahi kekirangan, kita kedah numindakaken kanthi sae. Kita sedaya kedah nggadhahi sikap sae dhateng sedherek kita. Menawi wonten menapa – menapa kita dados sedherek kedah paring pambiyantu. Menika ngandharaken bilih manungsa dados makhluk sosial, menawi sedherek kita saweg kekirangan amargi wonten perkawis, kita kedah paring pambiyantu, boten kedah mbiyantu arta, ananging saged mbiyantu tenaga utawi pamikiran.
7. Sadumuk bathuk sanyari bumi ditoh pati : 
Tegesipun setunggal dhemokan bathuk, setunggal wiyaripun siti dipunbela ngantos pejah. Maksudipun siti ugi kaurmatan utawi ajining dhiri tiyang Jawi inggih punika samukawis ingkang wigati sanget. Tiyang saged mbela sedayanipun kanthi totohan nyawa. Dhemokan wonten bathuk dening tiyang sanes dhateng tiyang Jawi dipunanggep ngenyƩk. Jaler/estri ingkang sampun syah gadhah pasangan gesang boten pikantuk dipundhemok tiyang sanesipun. Boten perkara fisik ananging setunggal wujudipun kaurmatan. Gegayutanipun kaliyan mrawira. Tuladhanipun kala ibu saweg babaran, ibu ngorbanaken nyawanipun.
8. Emban cindhe emban siladan : 
Tegesipun ingkang setunggal dipungendhong ngangge selendang, ingkang setunggalipun ngangge rautan buluh pring. 
Wonten satengahing masyarakat kedah teges ugi ampun mbeda – bedakaken setunggal marang sanesipun, sedayanipun kedah adil pikantuk pajengan ingkang sami. Ampun ngaos tiyang adedhasar remen utawi boten remen. Tuladhanipun wonten griya sakit, tiyang ingkang gadhah beya dipunutamakaken rumiyin, anggenipun ngruwat langkung enggal ananging menawi wonten pasien ingkang kekirangan beya utawi tiyang ingkang boten gadhah anggenipun ngruwat radi awrat.
9. Omong sing maton, aja mung waton ngomong : 
Tegesipun supados tiyang ngatos – atos anggenipun ngendika. 
Kedah mangertosi menapa kemawon ingkang badhe dipunandharaken, wonten kahanan ingkang kados menapa, ugi wonten kahanan menapa. Dados tiyang Jawi kedah mangertosi empan papan, inggih punika saged nyekawanaken piyambakipun miturut kahanan ingkang wonten sakiwa tengenipun. Ngendika dhateng tiyang sanes dipunmaweni pilehan tembung ugi sikap ingkang sopan. Menawi boten kados mekaten, tiyang sanes boten saged ngaos boten mangertosi adat ugi boten badhe paring pakurmatan. Kadosta ajining dhiri saking lathi, sedaya ingkang medal saking lesan kita kedah dipunpertanggel jawabaken. Wonten menika gegayutan dhiri piyambak  kaliyan tiyang sanes, amargi saben dinten kita sosialisasi kaliyan tiyang sanes. 
10. Sangkan paraning dumadi : 
Tegesipun asalipun manungsa ugi wonten pundi manungsa badhe wangsul. Manungsa menika asalipun saking Gusti Allah ugi badhe wangsul wonten Gusti Allah. Ngandharaken hubungan manungsa kaliyan sang pancipta, sarehdenten punika kita kedah salajeng eling dhateng ingkang Nginggil. Rumangsan ugi budi luhur inggih punika narima kanthi raos syukur menapa ingkang dipunparingi Gusti.
11. Memayu hayuning bawana : 
Tegesipun watek ugi tumindak ingkang mujudaken slameting donya, gemah ripah loh jinawi. Sejatosipun manungsa gesang kangge kewigaten sesarengan ugi tiyang kathah boten dipunsurung dening kekajengan piyambak. Manungsa kedah njagi katentremaning donya kangge ngiasi donya boten damel risaking tatanan donya. Amargi kita sedaya makhluk sosial ingkang boten saged gesang menawi boten wonten tiyang sanesipun.
12. Mikul dhuwur mendhem jero : 
Tegesipun nginggilaken kesaenan kaluwarga ugi nutupi kekirangan utawi awoning kaluwarga. Maksudipun njunjung drajadipun tiyang sepuh, supados boten damel aib ugi nyacad kangge tiyang sepuh kita. Gesang wonten masyarakat, dados tiyang ingkang langkung enom kedah ngurmati tiyang ingkang langkung sepuh kangge njagi pakurmatanipun.
13. Anjagakake endhoge si blorok : 
Tegesipun ngemu piwulang ampun remen njagakaken, ngarepaken samukawis ingkang mustahil utawi rudatos anggenipun mujudaken. Kadosta nengga tigan ayam ingkang warni – warni, padahal tigan ayam salaminya namung warni pethak utawi coklat kemawon. Remen nggantungaken piyambakipun utawi ngarepaken menapa kemawon ingkang dereng dipunwujudaken boten leres dening tiyang Jawi, amargi saged bektakaken gela, padahal sampun nengga tuni wekdal, biaya, ugi sakpanunggalanipun. Kita kedah mawas dhiri ugi eling.
14. Banyu pinerang : 
Tegesipun parababen sedherek badhe gelis gemah ripah. Sapisan sadherekan tetep sedherekan, ampun ngantos pedhot. Tuladhanipun menawi boten sapapan kaliyan bapakipun amargi wonten setunggaling perkawis ananging bapak menika taksih sedherek kita. Gayutipun gesangipun tiyang setunggal kaliyan sanesipun.
15. Berbudi bawa leksana : 
Tegesipun remen nyukani ugi kesetunggalan antawis pangandikan ugi tindakan. Menawi kita damel ujar kedahipun ujar menika dipuntepati. Amargi pangandikan tanpa perbuatan sami kemawon ngapusi. Menawi sampun ujar bilih boten nakal malih kedahipun ditepati.
16. Dudu berase ditempurake : 
Tegesipun rembug boten cocok utawi gathuk kaliyan babagan ingkang saweg dipunrembugaken. Kadosta maringi wangsulan ingkang boten cocok kaliyan pitakenanipun. Tuladhanipun wonten satunggaling forum saweg ngrembag babagan ngelmu basa, ananging wonten ingkang nyuwun pirsa babagan busana.
17. Guyon parikena : 
Tegesipun geguyonan ingkang ancasipun ngicalaken stres ugi ngantosaken kritik. Saklebetipun ngemu sindiran ananging boten kasar. Tuladhanipun dipunginakaken ngandhapan kangge tiyang nginggil.  Kadosta wonten bidang politik, rakyat ingkang maringi kritikan kangge tiyang nginggil utawi panguwasa.
18. Kalah cacak menang cacak : 
Tegesipun nyukani surungan utawi semangat (motivasi) supados kita purun nyobi. Menapa kemawon asilipun ingkang wigati inggih punika kekendhelan kangge nyobi, kekendhelan kangge ngradini samukawis. Amargi kekendhelan kangge nyobi badhe nyukani kita sedaya pandalon enggal , saking ngriku kita saged mendhet piwulang ingkang badhe nggina dipunlajeng sanes dinten. Tuladhanipun tiyang ingkang ndherek lomba nglangi, kirangan mangkenipun badhe menang utawi kalah ingkang wigati sampun kendhel nyobi.

Kamis, 28 Desember 2017

Mie Ongklok

Mie Ongklok

Mie ongklok yaiku kuliner khas saka Wonosobo. 
Bahan :
1. 2 bks mie kuning/mie teles
2. 1/4 kol dirajang
3. 1 godhong kucai,diiris cendhek
4. 4 sdm kecap legi
5. 2 sdm kecap asin
6. 1/2 sdt lada bubuk
7. Gula
8. Kaldu bubuk
9. Uyah
10. Brambang goreng
11. Lenga kanggo ngoseng
12. Banyu sacukupe
13. Gandum tapioka
14. 6 siung brambang
15. 5 siung bawang putih
16. 1 ruas jahe, kunyit
17. 1 sdm ebi, direndhem banyu panas

Cara nggawe Mie Ongklok
1. Mie digodhong ndhisik nganggo lenga goreng sethithik nganti mateng, angkat, ditum.
2. Goreng bumbon nganti mateng lan mambu wangi. Tambahna kecap, gula, diduk.
3. Lebokna banyu sacukupe, tambahna uyah, kaldu bubuk lan lada bubuk. Masak kanthi umub.
4. Larutke gandum tapioka tambahna sethithik banyu kanggo ngenthelake.
5. Lebokna laritan gandum nanggone duduh sing wis umub, diudhek nganti kenthel.
6. Lebokna mie karo godhong kol lan godhong kucai nanggone banyu panas nganti klubane alum.
7. Siapke mangkok, siram mie lan klubane mau nganggo duduh kenthel, tambahna brambang goreng.
8. Mie ongklok bisa didhahar pas panas. Luwih enak ditambah sate sapi utawa tempe kemul khas Wonosobo.




Jumat, 22 Desember 2017

Geguritan

Pangher
Dening : Ega Novia Putri

Upama samudra kang ramya
Asepi inuparengga kaendahan
Nadi kang ngalir
Agawe ayem jroning driya
Kusuma mekar kaya sikhw iriya
Aku saraga marang kasarehanmu
Aku saraga marang soroting netramu
Aku saraga marang pangucapanmu
Aku saraga marang tumindakmu
Kabeh kang ana nang awakmu agawe aku nandang tresna
Agawe uripku dadi apa anane

Mbasi ron tiba gogrog
Mbasi udan tiba dumadakan
Mbasi awang katon klawu
Durung nemokake tejamayane
Mbasi geni – geni durung nemokake sumbune
Nanging, aku manon padhaning pasuryanmu
Kawekasan manahku adoh saka harohara
Saben isuk, awan, wengi
Awakmu dak anti – anti
Aku kangen marang sliramu
Wisaya iki ora bakal luntur sanadyan ra tan wandya

Macapatan Malem Jemuah Legen



Senin, 18 Desember 2017

Geguritan Ospek PBD 2016

Aku
Dening : Ega Novia Putri

Anggonku ngadeg ana ning kene
Ngadeg jejeg kanthi kapitayan
Bebarengan luru kabecikan
Nimba ilmu nimba kawruh
Nganti ing pucuke adri

Saiki uwis wektune
Anggone dhewe nggayuh kekarepan
Dadi siji ana ing PBD
Dadi kaluwarga kang gemah ripah loh jinawi

Bungah susah dilakoni
Bebarengan padha njunjung kabudayan
Sesrawungan marang tangga teparo
Amarga aku ana ing kene
Ana ing kaluwarga PBD

Minggu, 10 Desember 2017

Tembang

Gambuh inovasi
Dening : Ega Novia Putri

Wonosobo satuhu
Kutha asri akeh sing dituju
Kebon - kebon, sawah, alas, uga kali
Kali gedhene Serayu
Tambah endah katon bombong

Wisata Gunung Prau
Gunung Lanang uga Gunung Sarru
Weruh srengenge menyango ning Sikunir
Siji maneh sing dituju
Lereng Sumbing lan Sindoro

Tempe kemul puniku
Kuliner aja nganti keliru
Ya carica manisane rasa legi
Purwacenge ya diunjuk
Ja lali mundhut mie ongklok

Rabu, 06 Desember 2017

Kuliah Lapangan

Kuliah lapangan Pendidikan Bahasa Daerah angkatan 2016 & 2017 di Candi Gedong Songo, Bandungan.






Foto by Ega Novia Putri

Kamis, 23 November 2017

Geguritan

Sore
Dening : Ega Novia Putri

Sore iki awange katon klawu
Angine mribit klawan reno
Dakrungu gumricike banyu
Manuke nyuwara mabur ana wit-witan
Udane netes ana ing pelataran
Rasa sedhih jroning driya
Rasa susah agawe resah
Sumilire angin gawe kaburing wiyaring ron
Gumbricike udan marakke aku kelingan marang sliramu
Manah iki ngrasakake hawa adem
Godhong ijo mau ngawe - awe nyelukake
Kupu kuning kang dadi saksine
Sejatine kalbu iki ra ketok tentrem
Ananging kudu ayem
Aku dudu udan
Kang tetep bakoh sanadyan tibane bola-bali

Selasa, 14 November 2017

Sesima

Sesrawungan ing Masyarakat
Wonten Padukuhan Kwagon, Desa Sidorejo, Kec. Godean, Yogyakarta
Minggu, 12 November 2017



Minggu, 12 November 2017

Pangginaan Basa Jawi ingkang Sae wonten Laladan Kampus

PANGGINAAN BASA JAWI INGKANG SAE WONTEN LALADAN KAMPUS UGI SAKIWA TENGENIPUN

Dhasaring Pirembagan
Kita dados tiyang wonten tanah Jawi kedah gesang njawani. Gesang ing saktengahing budaya ingkang maneka warnanipun, ingkang taksih kenthel amargi turun temurun saking jaman kepungkur, jaman nenek moyangipun. Saking budaya kasebat ngemu unsur – unsur ingkang nyebar ugi wonten kaitanipun kaliyan sosial masyarakat. Unsur – unsur kebudayaan isi pokokipun wonten kesenian, sistem teknologi dan peralatan, sistem organisasi masyarakat, bahasa, sistem mata pencaharian hidup dan sistem ekonomi, sistem pengetahuan, dan sistem religi. Basa salah satunggaling unsur budaya ingkang dipunpanggihi wonten gesangipun sadinten – dinten.
Sesrawungan wonten masyarakat Jawa kedah ngginakaken basa Jawi ingkang sae ugi trep. Boten namung basa kemawon ingkang kedah leres, ananging tindak tanduk subasita inggih kedah sae. Menika ingkang nunjukaken masyarakat Jawi ingkang dipuntepang masyarakat berbudaya. Tatanan ngenani babagan basa kasebat unggah – ungguh basa utawi tata krama. Unggah – ungguh basa inggih punika adat sopan santun, tata krama, tata susila ngginakaken basa Jawi. Wonten unggah – ungguh basa ugi ngemu tingkat tutur. Ananging jaman sakmenika kathah tiyang utaminipun mahasiswa ingkang unggah ungguh basanipun wiwit pudar.
Lajeng kedah kadospundi? Wonten essay menika, kula badhe ngrembag babagan pangginaan basa Jawi ingkang sae wonten ing laladan kampus ugi sakiwa tengenipun. Boten namung unggah – ungguh basanipun, ananging ugi ngrembang unggah – ungguh subasita wonten laladan kampus.



Pirembagan
Ngrembag babagan kampus boten tebih saking mahasiswa. Utaminipun mahasiswa saking jurusan pendidikan bahasa daerah (Jawa). Unggah – ungguh basa sejatosipun langkung dipunwigatosaken. Amargi wonten laladan kampus, mahasiswa kathah sosialisasi kaliyan kancanipun, dosen, utawi tiyang sanes ing sakiwa tengenipun.
Miturut buku Etika Jawa dening Drs. H. Sarjana Hadiatmaja pangginaan unggah – ungguh basa sampun ngalami ewah - ewahan saksampunipun jaman kemerdekaan. Rikala taun 1950-an wonten abahan Basa Jawa Dipa ingkang atur pamanggih dhumateng tiyang Jawa ngginakaken setunggal tingkat basa kemawon, inggih punika basa ngoko. Ananging sakmenika wonten tiga tataran basa, inggih punika basa ngoko, basa krama, ugi basa madya. Basa ngoko biyasanipun dipunginakaken kaliyan tiyang ingkang saprantaran utawi ingkang sampun raket. Kadosta kaliyan kancanipun, saged ngangge ngoko lugu menapa ngoko alus gumantung konten pamicara. Tuladhanipun pacelathon ingkang ngginakaken ngoko lugu, “kowe mau isuk wis sarapan apa durung?” menika ngginakaken tembung sarapan ugi saged dipungantos dados tembung “mangan”, ananging kirang trep bilih digantos “mbadog”, amargi mbadog menika kirang sae.
Dhiskusi bab basa krama, kedah ngginakaken basa ingkang sae menawi ngendika kaliyan tiyang ingkang langkung sepuh. Wonten kampus umumipun ngangge basa krama kaliyan bapak/ibu dosen utawi kaliyan kakak tingkat. Unggah – ungguh basa kaliyan dosen menika inggih wigati dipungatekaken. Amargi taksih kathah mahasiswa ingkang lepat anggenipun matur, tuladhanipun nalika sowan wonten kantor jurusan. Menawi sowan wonten kantor jurusan wonten sawetara perkara ingkang kedah dipunngerteni. Menawi badhe kepanggih kaliyan bapak/ibu dosen nalika sampun mlebet kantor jurusan lajeng maringi ngertos menapa perlunipun. Anggenipun matur kedah sae, panginaan tembung – tembung ugi kedah dipunmengerteni, kadosta niki kedahipun menika, napa kedahipun menapa, nek kedahipun menawi, empun kedahipun sampun, lan sakpanunggalanipun. Tuladhanipun “Nuwun sewu bapak, kula badhe sowan Ibu ...” langkung sae menawi astanipun ngapurancang kaliyan badanipun radi mbungkuk. Kenapa kita kedah ngginakaken basa Jawi ingkang sae kaliyan dosen? Amargi kita sedaya dados tiyang ingkang langkung enom kedah ngormati tiyang ingkang langkung sepuh. Ngginakaken basa Jawi menika nunjukaken pakurmatan dhumateng tiyang ingkang langkung sepuh, nunjukken bilih kita ngajeni ugi nggadhahi sopan santun dhumateng sanesipun.
Sanesipun inggih punika tata cara nalika badhe SMS dosen. Mahasiswa asring ngentunaken SMS dhumateng dosen ngangge basa ingkang kirang sopan. Kadosta ngginakaken basa “alay” ingkang asring dipunginakaken para mudha mudhi jaman sakmenika, ngginakaken singkatan ingkang boten lazim ( menawi wonten basa Indonesia iya dipunsingkat y, otw, stw, dll ). Menawi badhe SMS dosen kedah mirengaken pinten – pinten perkawis, yaiku dipunwiwiti salam ugi sapaan, kadosta sugeng enjing, sugeng siyang, Assalamualaikum, utawi salam sanesipun. Nyebataken identitas, amargi dosen boten nyimpen sedaya nomor telepon mahasiswa, tuladhanipun : Kula Andi Bramantyo saking PBD D 2016. Nyerat kabetahan kanthi cekak aos, ampun ngantos damel bingung ( dinten menika kula badhe nyuwun tapak asma ibu, menapa ibu sakmenika wonten kampus? ). Ngucapaken pangapunten kangge nunjukaken kandhapan manah, ndadosaken kaurmatan amargi mekewedi wancinipun, ngginakaken tembung pangapunten wonten wiwitan utawi pungkasan. Pungkasi kanthi ucapan matur nuwun. Tuladhanipun ngintun SMS kangge dosen : “Sugeng enjing bapak. Kula Susanti Handayani saking PBD E 2016. Nyuwun pangapunten saderengipun, menapa bapak sakmenika wonten jurusan? Amargi kula badhe nyaosaken undangan kangge bapak. Matur nuwun.” Sakbotenipun kados menika unggah – ungguh nalika badhe SMS bapak/ibu.
Miturut paribasan Jawi “Ajining diri saka lathi. Ajining raga saka busana. Ajining awak saka tumindak.” Wonten paribasan kasebat nuduhaken bilih saben tembung ingkang medal saking lesan kita kedah dipuntanggeljawabaken. Amargi menika nyerminaken dhiri kita.
Ananging pangginaan basa Jawi ingkang sae wiwit pudar, amargi kathah tiyang enom ingkang langkung ngginakaken basa Indonesia wonten sadinten – dinten. Padahal basa Jawi wigati kangge nglestantunaken budaya Jawi. Ngginakaken basa Jawi ingkang sae, wiwit saking gesangipun piyambak – piyambak, wonten laladan kampus ndadosaken kita tiyang Jawi ingkang nggadhahi unggah – ungguh subasita.
Dudutan
Perkembangan jaman ingkang ewah - ewahan kaliyan arus globalisasi ndadosaken kabudayan Jawi ndherek ewah, ugi babagan basa. Basa Jawi ingkang dadosaken jati dhiri kita dados tiyang Jawi.
Basa Jawi menika langkung awrat menawi dereng terbiyasa ngginakaken, ananging menika kabudayan kita. Ampun ngantos kita dados tiyang Jawi ingkang ical Jawanipun. Menapa malih basa Jawi ngantos dipunrebat negara sanesipun. Kita ingkang dados generasi enom ingkang berbudaya kedah nglestantunaken kaliyan mempraktekkan wonten gesangipun sadinten – dinten. Boten usah isin menawi ngangge basa Jawi. Mbasi basa Jawi menika boten gampil kedah teliti, ananging kita sedaya wonten mriki saweg ngangsu kawruh babagan kabudayan.
Kadospundi tiyang kedah ngginakaken maneka warni basa, sejatosipun boten saged dipuntata ugi ditentukaken dening teori basa, amargi sedayanipun miturut dhumateng hubungan kalih tiyang, akrab menapa botenipun. Ananging ingkang utami kedah dipuneling inggih punika upados tiyangipun kangge sami bektos ngurmati ugi njagi gemah ripahing supados sesrawunganipun saged mlampah kanthi sae boten wonten ngraos sakit manah ugi sanesipun.

DAFTAR PUSTAKA

Hadiatmaja, Sarjana . 2011 . Etika Jawa . Yogyakarta: Grafika Indah.

Universitas Negeri Yogyakarta . 2016 . Panduan & Pelatihan Teknologi Informasi dan Komunikasi (TIK) . Yogyakarta: UNY

www.hipwee.com

Rabu, 08 November 2017

Cerkak

Jawah

Srengenge enjing punika taksih dereng ketingal, awangipun klawu, siti wonten ngajeng griya ketingal teles. Manuk - manuk sami ngiyup wonten ndhuwur wit - witan.
"Tik...tik...tik... bunyi hujan di atas genting. Lha malah udan, pie iki le mangkat sekolah." ujaripun Sara.
Kaanan ingkang kados menika saenipun nglajengaken tilem, atis banjur selimutan. Ananging Sara kedah sekolah, amargi sampun kelas 6 sakedhap malih badhe wonten ujian nasional.
"Kok durung mangkat Sar? Nunggoni apa?" pitakenanipun ibu.
"Eh ibu, niki bu, malah jawah. Kula dados memeng sekolah hehe." wangsulanipun Sara.
"Wis kana ndang mangkat, selak telat." "Iki payunge. Mlakune sing alon aja ndlenger!" parintahipun ibu.
"Nggih bu matur nuwun. Kula budhal rumiyin." pamitipun Sara kaliyan ngegaraken payung.
marginipun sepi, kendaraanipun ugi ketingal awis. Sapisan kepethukan kaliyan tiyang ingkang nembe dhateng peken.
"Peken yu."
"Iya, sekolah ndhuk?" wangsulanipun Yu Jiem
"Enggih yu, mangga kula riyin." pamitipun kula
"Ya kana, ati-ati. Sekolah sing pinter."
Kirang langkung 15 menitan kula dugi sekucal. kanca - kanca ingkang sami wonten kelas taksih sakedhik, sanesipun dereng budhal amargi jawah.
"Tak kira koe ora mangkat Sar." ujaripun Dira.
"Mangkat to, halah gur grimis kaya ngene." wangsulanipun kula.
"Nggayane, kremun wae koe wegah metu." tambahipun Andi.
"Haiya, wedi samar dadi mermaid haha." Riko ugi nambahi.
"Hahahahaha." sedaya ingkang wonten kelas sami geguyu kula. Kula namung mendel kemawon males ngladeni kanca - kanca kula.
Boten dangu, Bu Tari rawuh. Ananging kok boten bekta buku saha piranti ngajar.
"Sugeng enjing murid - murid."
"Sugeng enjing bu."
"Amarga sesok ana tryout, saiki dha resik-resik kelas wae ya. Aja lali, bubar kelas ana les agama."
"Inggih bu." wangsulane murid
Saksampunipun nyukani tugas, Bu Tari medal kelas. Kahanan kelas dados rame kayata peken. Roni medal saking kelas.
"Wah isih udan iki, ayo kecehan." ajake Roni.
"Wegah aku, ndak masuk angin." wangsulane Sani
Dumadakan Roni njorogagen Sani, Rasukanipun Sani dados teles klebes.
"Roniiiiiiii, awas kowe!"
Bocah kelas sami nggeguyokaken Sani, mekaten ugi Sara. Amargi mrisani Sani ingkang teles, bocah kelas dados kepengen keceh. Sedaya sami ngepel-ngepelan wonten teras kelas kaliyan jawah-jawahan. Boten perduli rasukanipun teles, mbasia mangkih wonten les agama.
Lajeng murid - murid sami dipundukani Bu Tari. Ananging murid - murid namung cengar cengir kemawon. Akhire les agama dinten punika dipun boten wontenaken. Murid - murid sami surak - surak bingah.

Jumat, 27 Oktober 2017

Tetuwuhan

Arane Kembang

               

Kembang aren          :    dangu
Kembang blimbing  :    maya
Kembang cengkeh   :    polong
Kembang duren       :    dlongop
Kembang gedhang   :    ontong
Kembang jagung      :    sinuwun
Kembang jambu       :    karuk
Kembang kerambil  :    manggar
Kembang kopi           :    blanggreng
Kembang lombok     :    menik
Kembang randhu     :    karuk
Kembang tebu           :    glagah

Rabu, 25 Oktober 2017

Lagu

Srengenge Nyunar

Srengenge nyunar kanthi mulyo
Anginne midid klawan rena
Manuke ngoceh ana ing wit - witan
Kewane nyenggut ana ing pasuketan
Kabeh padha muji Allah kang mulyo
Kabeh padha muji Allah kang mulyo
          Matahari bersinar t'rang
          Burung berkicaulah senang
          Harum semerbaklah bunga di taman
          Semua yang mengajar kepada kita
          Dan memuji nama Allah yang Esa
          Dan memuji nama Allah yang Esa


Song by Djaduk Ferianto

Sabtu, 21 Oktober 2017

Wangsalan



Tuladha Wangsalan

1.  Anak cicak, yen awak sayah njaluk ngaso.
( Anak cicak = sawiyah = sayah )

2.  Kembang lombok, becik bakale ketitik ala bakale ketara.
( Kembang lombok = menik = ketitik )


 3. Wit krambil, yen diomongi kudune digugu.

( Wit krambi = glugu = gugu )

4.  Aja nyawang saka njaba tok, sing nggo liwat.
( Sing nggo liwat = lawang = nyawang )

5.  Anake Prabu Pandudewanata, dadi wong Jawa sing njawani.
( Anake Prabu Pandudewanata = Puntadewa = Jawa )

Jumat, 20 Oktober 2017

Geguritan

Sedhih
Dening : Ega Novia Putri

Ana tangis kang ora bisa diandharake
Ana kuciwa kang gawe asrah
Ana asa kang ilang sakkedheping netra
Mrebes mili sajroning manah iki
Ngrasakake lara merga impi
Padahal dhewe durung padha ajar sumeh
Nanging sayektine ...

Ati iki arep dakgawa menyang ngendi
Susah lara kang ngiasi esem iki

Aku ngerti
Manuk - manuk lekas nggumuyokake
Kembang - kembang anyak alum
Awang ngowah dadi klawu
Sanadyan tresna iki ora takduweni
Nanging aku pracaya
Kabehane bakal endah ing wayah kang wus kapesthekake

Kamis, 19 Oktober 2017

Cerkak



Kaget
Dening : Ega Novia Putri

Dina Kemis iki kelasku XII IPS 10 ana pelajaran olahraga. Pelajaran olahraga ana ing lapangan basket amarga materine basket. Rampung olahraga awake sumuk lan kemringet. Banjur aku lan kanca-kanca salin seragam ing kamar mandi. Sakwise salin aku dijak Wati menyang koperasi kanggo jajan. Lagi mlaku tekan ngarep kelas jebulane Yuli, Rahma, karo Siti arep melu nang koperasi. Rampung jajan balik nuju kelas, kelasku ana ing ndhuwur lantai 2. Nalika aku arep mbukak lawang kelas kok kahanane sepi tanpa swara. Dumadakan Andi nyeluk aku, Wati, Yuli, Rahma karo Siti.
"Ana apa e Ndi?" ujarku marang Andi
"Rene kowe cah 5 maju nang ngarep kelas."
Aku dadi bingung, nang ngarep kelas wis ana Jodi, Anto, Nita lungguh ning kursi sing wis disediakake karo bocah-bocah. Banjur aku nuruti melu lungguh ning ngarep.
Aku tambah bingung, kahanane dadi medeni kaya ngene, aku ora ngerti apa-apa kok aku dilungguhke ning ngarep kelas bareng cah 7 iki.
"Iki ana apa to Ndi?" pitakone Rahma
"Iya iki ki ngapa Ndi? Aku ra ngerti apa-apa iki." tambahe Siti
"Uwis saiki do meneng kabeh wae." ujare Andi
"Ha kepiye to Ndi. Ngajak gelut po piye awakmu?" tegase Anto
"Wis wis, sing santai sek. Rungokke Andi ndhisik!" ujare Cahya nengahi
"Cepet to Ndi jelaske, ora usah kesuwen." jawabku
Kahanane nggawe aku dadi wedi, bocah-bocah sing lungguh ning ngarep kelas yo padha bingung ora ngerti kudu kepiye.
"Wingi kowe-kowe padha nggawe masalah apa karo Bu Mawar?" ujare Andi. Nadane keras nggawe aku sakanca tambah deg-degan. Bu Mawar yaiku wali kelas XII IPS 10 sing dikenal tegas, galak, lan disiplin. Sapa wae sing nduwe masalah babagan kelas, bakale sowan karo Bu Mawar.
"Nggawe masalah apa? Aku rumangsa ora nyalahi." belane Rahma
"Iya aku padha. Iki ki kenangapa si saktenane?" jawabku
"Halah, ora usah ngalor ngidul. Ngakuo kowe cah." Bagus mbelani Andi
"Woy salah apa? Aku ora rumangsa. Ora usah golek perkara." jawab Jodi, nanging karo nantang amarga uwis ngrasa judeg.
"Ora usah golek perkara liya, iki sakjane ana apa?" Wati melu mangsuli
"Ngaku wae ora usah do ngapusi, wingi do kowe padha nduwe salah apa marang bu Mawar? Mesakke bu Mawar ngerti ora?"
Mripatku uwis abang mbranang, dilit maneh banyu bakale mili saka mripatku. Anto ngandani aku yen ora usah nangis, merga dhewe ora salah dadi ora usah padha wedi.
Nanging aku uwis kebacut nangis, amarga uwis ora bisa nahan.
Kahanane tambah nggawe bingung, kabeh padha padu golek kabeneran.
Bocah kelas sing padha lungguh nang kelas padha melu meneng.
Sakwise nglewati perdebatan kang rame Andi ngomong
"Ngerti ra?"
Kabeh padha meneng ora ana sing nyauri, merga uwis padha judeg kabeh.
"Iki sing jenenge tisu." ujare Andi karo ngetokke tisu saka sak kathoke.
Sing padha lungguh nang ngarep padha mencak-mencak kabeh, aku uga.
"Hahaha gelem wae dapusi." Andi lan kanca kelas liyane padha ngguyu kepingkel - pingkel.
"Wola iki dasar Andi. Awas kowe yo." jawabe Jodi
"Gelut wae yo Ndi, emosi aku." Omonge Anto
"Hahaha santai - santai cah, rasah sepaneng. Gur guyon." Tambahe Andi
Awale aku wis deg-degan, jebule iki mung guyonane cah kelas. Lebar kemis minggu, e lebar nangis aku trus ngguyu.

__________________________________________________________________________________