Sabtu, 30 Desember 2017

Unen - Unen Jawa

Piwulang saking unen-unen kaliyan cak-cakanipun ing masyarakat :

1. Aja bungah ing pangalem, aja susah ing panacad. :  
Tegesipun ampun bungah nalika dipunalem, ampun susah nalika dipunpanacad.
Kita kedah nggadhahi manah ingkang ageng ugi watak ingkang luhur. Tiyang ingkang nggadhahi manah ingkang ageng boten kesupen sakiwa tengenipun amargi dipunalem ugi boten ngalit manah amargi panacad. Tiyang ingkang nggadhahi manah ageng, gadhah kekirangan ugi kasaenan piyambak – piyambak ingkang dadosaken babagan ingkang positif ugi saged ngatasi kekiranganipun. Wonten babagan menika gayut kaliyan gesangipun piyambak dhumateng tiyang sanes ing masyarakat. Gegayutan kaliyan mawas dhiri, ampun remen damel panacad dhateng tiyang sanesipun. Kita sedaya kedah "ngilo githoke dhewe".
Tuladhanipun tiyang ingkang dipunpanacad bodho ampun ngalit manahipun, kita kedah mbuktekaken menawi kita saged supados panacad bodho menika saged ical dipungantos pangalem pinter. Ananging menawi sampun dipunalem pinter ampun ngantos dados anggak. 
2. Aja nggege mangsa : 
Tegesipun ampun meksakaken piyambakipun anggenipun pikantuk asil ingkang dereng wancinipun, amargi menapa ingkang dipunpikantuk boten ndumugekaken. Sedayanipun ingkang wonten donya mbetahaken proses boten lajeng dumadakan wonten. Gegayutanipun kaliyan eling, manungsa kedah eling ugi waspada menawi sedayanipun mbetahaken wanci saha proses. Kadosta menawi badhe pikantuk aos ingkang sae kedahipun sinau rumiyin, nyuwun pirsa bilih wonten babagan ingkang dereng dipunmangertosi, ampun ngepek ugi ampun ngangge cara ingkang ala. 
3. Cakra manggiling : 
Tegesipun gesang inggih punika kados roda ingkang muter, kadang kala wonten nginggil kadang kala wonten ngandhap. 
Wonten masyarakat kita kedah mangertos bilih menapa kemawon saged ewah mukawis wanci. Kala kita dipunsukani rejeki kedahipun ampun kelangkung mbanggakaken menapa ingkang dipungadhahi, mekaten ugi kala kita saweg susah ampun kelangkung sedhih. Sedayanipun saged ewah malih. Sarehdenten punika kita kedah caos syukur dhumateng peparingipun Gusti. Gegayutanipun gesang manungsa dhateng Gusti ingkang Maha Kuwaos, 
4. Ngono ya ngono, ning aja ngono : 
Tegesipun ngarahaken gesang supados saged ngetrepaken piyambakipun, saged nempataken ruang ugi wanci. Dados sedaya ingkang badhe dipuntumindakaken kedah manahaken dampak dhateng tiyang sanes. Menawi kita badhe tumindak saremen manah, sedaya punika boten dados perkawis, ananging ingkang dados perkawis inggih punika menawi tumindakipun nyukani babagan awon dhateng tiyang sanesipun. Wonten masyarakat ampun ngantos asal nyeplos ugi tumindak, kedah mangertosi empan papan. Tuladhanipun menawi mertamu wonten dalemipun tiyang sepuh kedah mangertosi unggah – ungguhipun, ampun saremen piyambak.
5. Giri lusi janma tan kinira : 
Tegesipun tiyang boten saged ngukur kekiyatan utawi kesagedan tiyang sanesipun. Ampun nggampilaken sanesipun, amargi tiyang setunggal kaliyan sanesipun nggadhahi kesagedan piyambak – piyambak. Kita kedah ngajeni sanesipun. Kadosta ngaosi pamanah, ngajeni kekiyatan tiyang sanes. Ampun ngantos nggampilaken tiyang sanes, amargi menika padamel ingkang awon. Gegayutanipun kaliyan tepa selira. Tuladhanipun tiyang ingkang boten gadhah beya dereng tamtu boten saged ngraosaken sekolah amargi wonten jaman samenika sampun kathah beasiswa saking pemerintah, mliginipun kangge tiyang pinter saking kaluwarga ingkang kirang mampu.
6. Bacin-bacin iwak, ala-ala sanak : 
Tegesipun mbasi kita gadhah sedherek ingkang nggadhahi kekirangan, kita kedah numindakaken kanthi sae. Kita sedaya kedah nggadhahi sikap sae dhateng sedherek kita. Menawi wonten menapa – menapa kita dados sedherek kedah paring pambiyantu. Menika ngandharaken bilih manungsa dados makhluk sosial, menawi sedherek kita saweg kekirangan amargi wonten perkawis, kita kedah paring pambiyantu, boten kedah mbiyantu arta, ananging saged mbiyantu tenaga utawi pamikiran.
7. Sadumuk bathuk sanyari bumi ditoh pati : 
Tegesipun setunggal dhemokan bathuk, setunggal wiyaripun siti dipunbela ngantos pejah. Maksudipun siti ugi kaurmatan utawi ajining dhiri tiyang Jawi inggih punika samukawis ingkang wigati sanget. Tiyang saged mbela sedayanipun kanthi totohan nyawa. Dhemokan wonten bathuk dening tiyang sanes dhateng tiyang Jawi dipunanggep ngenyék. Jaler/estri ingkang sampun syah gadhah pasangan gesang boten pikantuk dipundhemok tiyang sanesipun. Boten perkara fisik ananging setunggal wujudipun kaurmatan. Gegayutanipun kaliyan mrawira. Tuladhanipun kala ibu saweg babaran, ibu ngorbanaken nyawanipun.
8. Emban cindhe emban siladan : 
Tegesipun ingkang setunggal dipungendhong ngangge selendang, ingkang setunggalipun ngangge rautan buluh pring. 
Wonten satengahing masyarakat kedah teges ugi ampun mbeda – bedakaken setunggal marang sanesipun, sedayanipun kedah adil pikantuk pajengan ingkang sami. Ampun ngaos tiyang adedhasar remen utawi boten remen. Tuladhanipun wonten griya sakit, tiyang ingkang gadhah beya dipunutamakaken rumiyin, anggenipun ngruwat langkung enggal ananging menawi wonten pasien ingkang kekirangan beya utawi tiyang ingkang boten gadhah anggenipun ngruwat radi awrat.
9. Omong sing maton, aja mung waton ngomong : 
Tegesipun supados tiyang ngatos – atos anggenipun ngendika. 
Kedah mangertosi menapa kemawon ingkang badhe dipunandharaken, wonten kahanan ingkang kados menapa, ugi wonten kahanan menapa. Dados tiyang Jawi kedah mangertosi empan papan, inggih punika saged nyekawanaken piyambakipun miturut kahanan ingkang wonten sakiwa tengenipun. Ngendika dhateng tiyang sanes dipunmaweni pilehan tembung ugi sikap ingkang sopan. Menawi boten kados mekaten, tiyang sanes boten saged ngaos boten mangertosi adat ugi boten badhe paring pakurmatan. Kadosta ajining dhiri saking lathi, sedaya ingkang medal saking lesan kita kedah dipunpertanggel jawabaken. Wonten menika gegayutan dhiri piyambak  kaliyan tiyang sanes, amargi saben dinten kita sosialisasi kaliyan tiyang sanes. 
10. Sangkan paraning dumadi : 
Tegesipun asalipun manungsa ugi wonten pundi manungsa badhe wangsul. Manungsa menika asalipun saking Gusti Allah ugi badhe wangsul wonten Gusti Allah. Ngandharaken hubungan manungsa kaliyan sang pancipta, sarehdenten punika kita kedah salajeng eling dhateng ingkang Nginggil. Rumangsan ugi budi luhur inggih punika narima kanthi raos syukur menapa ingkang dipunparingi Gusti.
11. Memayu hayuning bawana : 
Tegesipun watek ugi tumindak ingkang mujudaken slameting donya, gemah ripah loh jinawi. Sejatosipun manungsa gesang kangge kewigaten sesarengan ugi tiyang kathah boten dipunsurung dening kekajengan piyambak. Manungsa kedah njagi katentremaning donya kangge ngiasi donya boten damel risaking tatanan donya. Amargi kita sedaya makhluk sosial ingkang boten saged gesang menawi boten wonten tiyang sanesipun.
12. Mikul dhuwur mendhem jero : 
Tegesipun nginggilaken kesaenan kaluwarga ugi nutupi kekirangan utawi awoning kaluwarga. Maksudipun njunjung drajadipun tiyang sepuh, supados boten damel aib ugi nyacad kangge tiyang sepuh kita. Gesang wonten masyarakat, dados tiyang ingkang langkung enom kedah ngurmati tiyang ingkang langkung sepuh kangge njagi pakurmatanipun.
13. Anjagakake endhoge si blorok : 
Tegesipun ngemu piwulang ampun remen njagakaken, ngarepaken samukawis ingkang mustahil utawi rudatos anggenipun mujudaken. Kadosta nengga tigan ayam ingkang warni – warni, padahal tigan ayam salaminya namung warni pethak utawi coklat kemawon. Remen nggantungaken piyambakipun utawi ngarepaken menapa kemawon ingkang dereng dipunwujudaken boten leres dening tiyang Jawi, amargi saged bektakaken gela, padahal sampun nengga tuni wekdal, biaya, ugi sakpanunggalanipun. Kita kedah mawas dhiri ugi eling.
14. Banyu pinerang : 
Tegesipun parababen sedherek badhe gelis gemah ripah. Sapisan sadherekan tetep sedherekan, ampun ngantos pedhot. Tuladhanipun menawi boten sapapan kaliyan bapakipun amargi wonten setunggaling perkawis ananging bapak menika taksih sedherek kita. Gayutipun gesangipun tiyang setunggal kaliyan sanesipun.
15. Berbudi bawa leksana : 
Tegesipun remen nyukani ugi kesetunggalan antawis pangandikan ugi tindakan. Menawi kita damel ujar kedahipun ujar menika dipuntepati. Amargi pangandikan tanpa perbuatan sami kemawon ngapusi. Menawi sampun ujar bilih boten nakal malih kedahipun ditepati.
16. Dudu berase ditempurake : 
Tegesipun rembug boten cocok utawi gathuk kaliyan babagan ingkang saweg dipunrembugaken. Kadosta maringi wangsulan ingkang boten cocok kaliyan pitakenanipun. Tuladhanipun wonten satunggaling forum saweg ngrembag babagan ngelmu basa, ananging wonten ingkang nyuwun pirsa babagan busana.
17. Guyon parikena : 
Tegesipun geguyonan ingkang ancasipun ngicalaken stres ugi ngantosaken kritik. Saklebetipun ngemu sindiran ananging boten kasar. Tuladhanipun dipunginakaken ngandhapan kangge tiyang nginggil.  Kadosta wonten bidang politik, rakyat ingkang maringi kritikan kangge tiyang nginggil utawi panguwasa.
18. Kalah cacak menang cacak : 
Tegesipun nyukani surungan utawi semangat (motivasi) supados kita purun nyobi. Menapa kemawon asilipun ingkang wigati inggih punika kekendhelan kangge nyobi, kekendhelan kangge ngradini samukawis. Amargi kekendhelan kangge nyobi badhe nyukani kita sedaya pandalon enggal , saking ngriku kita saged mendhet piwulang ingkang badhe nggina dipunlajeng sanes dinten. Tuladhanipun tiyang ingkang ndherek lomba nglangi, kirangan mangkenipun badhe menang utawi kalah ingkang wigati sampun kendhel nyobi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar