Selasa, 17 Oktober 2017

Pengalaman



Kisinan
Dening : Ega Novia Putri

Dina iki aku, Mawar, Melati, lan Dahlia rencana arep dolan menyang salah sijining museum. Kabeneran ana ngaso kuliyah sekitar 2 jam, dadi duwe wektu kosong rada suwi. Jam 1nan, aku lan kancaku mangkat menyang museum. Sekitaran 15 menitan tekan nggone, banjur parkir lan tuku karcis. Regane karcis murah, yaiku 5.000 per uwong. Sakwise tukukarcis banjur langsung mlebu museume. Awale aku bingung, amarga museume sepi lan pengunjunge mung dhewe wong 4. Nang njero ketemu bapak – bapak penjaga. Bapake nawani menawa arep dikancani apa ora le muter – muter museum. Ananging dhewe malah njawab ora.
Ana ing lantai 1 isine patung – patung, ruangane rada peteng lan arupa lorong – lorong. Aku lan kancaku ngrasa wedi amarga kahanane sepi banget. Nonton patung sinambi mlaku banter pengen cepet – cepet metu saka ruangan iki. Sakwise saka lantai 1 banjur munggah ing lantai 2. Ana ing lantai 2 isine piranti – piranti jaman biyen. Tinimbang tambah wedi, banjur dhewe njaluk dikancani bapak – bapak penjaga. Mlakune timik – timik karo nolah – noleh kiwa tengen. Bapake ngendika yen ora usah padha wedi soale mancen ora ana apa – apa. Mbasan mlebu ruangane, bapake mung ngancani tekan ngarep lawang. Dhewe mlebu nonton – nonton isi museume. Dumadakan ana suara “psssssttt”. Kabeh dha njerit keweden banjur mlayu metu. Aku nggandheng lengene kancaku terus lan ora gelem pisah. Bapake nyedaki lan ngendika yen kuwi mau mung swara pengharum ruangan. Dhewe kaget tapi sinambi kisinen. Pingin ngguyu nanging isih ana rasa wedi. Cepet – cepet dhewe metu saka ruangan kuwi lan medun nuju lantai 1.
Pengalaman ngisinake kuwi ora bakal daklalikake. Tekan saiki menawa kelingan prastiwa kuwi aku isih ngguya ngguyu dhewe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar