Kaget
Kamis iki aku lan kanca-kanca sakkelasku ana pelajaran olahraga, yaiku kelas xii ips 10. Awakedhewe olahraga ana ing lapangan basket amarga materine yaiku basket. rampung olahraga awake saya kemrungsung, sumuk, ora genah-genah. Banjur aku lan kanca-kanca salin seragam identitas ono ing kamar mandi. Sakwise salin banjur aku dijak Wati menyang koperasi anggone jajan. Tekan ngarep kelas jebulane Yuli, Rahma, karo Siti arep melu nang koperasi. Sakwise rampung jajan banjur balik nuju kelas, kelasku ono ing ndhuwur lantai 2. Anggone aku arep mbukak lawang kelas kok kahanane sepi tanpa swara. Dumadakan Andi nyeluk aku, Wati, Yuli, Rahma karo Siti.
"Ana apa e Ndi?" ujarku marang Andi
"Rene kowe cah 5 maju nang ngarep kelas."
Aku dadi bingung, nang ngarep kelas wis ana Jodi, Anto, Nita lungguh ning kursi sing wis disediakake karo bocah-bocah. Banjur aku nuruti melu lungguh ning ngarep.
Aku tambah bingung, kahanane dadi mencekam kaya ngene, aku ora ngerti apa-apa kok aku dilungguhke ning ngarep kelas bareng cah 7 iki.
"Iki ana apa to Ndi?" pitakone Jodi
"Iya iki ki ngapa Ndi? Aku ra ngerti apa-apa iki." tambahe Siti
"Uwis saiki do meneng kabeh wae." ujare Andi
"Ha kepiye to Ndi. Ngajak gelut po piye awakmu?" tegase Anto
"Wis wis, sing santai sek. Rungokke Andi ndhisik!" ujare Cahya nengahi
"Cepet to Ndi jelaske, ora usah kesuwen." jawabku
Kahanane nggawe aku dadi wedi, bocah-bocah sing lungguh ning ngarep kelas yo padha kebingungan ora ngerti kudu kepiye.
"Wingi kowe-kowe padha nggawe masalah apa karo Bu Mawar?" ujare Andi. Nadane keras nggawe aku sakanca tambah deg-degan. Bu Mawar yaiku wali kelas xii ips 10 sing dikenal tegas, galak, lan disiplin. Sapa wae sing nduwe masalah babagan kelas, bakale sowan karo Bu Mawar.
"Nggawe masalah apa? Aku rumangsa ora nyalahi." belane Rahma
"Iya aku padha. Iki ki kenangapa si saktenane?" jawabku
"Halah, ora usah ngalor ngidul. Ngakuo kowe cah." Bagus mbelani Andi
"Woy salah apa? Awakedhewe ora rumangsa. Ora usah golek perkara." jawab Jodi, nanging karo nantang amarga uwis ngrasa judeg.
"Ora usah golek perkara liya, iki sakjane ana apa?" Wati melu mangsuli
"Ngaku wae ora usah do ngapusi, wingi do kowe padha nduwe salah apa marang bu Mawar? Mesakke bu Mawar ngerti ora?"
Mripatku uwis abang mbranang, dilit maneh banyu bakale mili saka mripatku. Anto ngandani aku yen ora usah nangis, merga dhewe ora salah dadi ora usah padha wedi.
Nanging aku uwis kebacut nangis, amarga uwis ora bisa nahan.
Kahanan tambah mencekam padha padu golek pembelaan.
Bocah kelas liyane padha melu meneng.
Sakwise nglewati perdebatan kang rame Andi ngomong
"Ngerti ra?"
Kabeh padha meneng ora ana sing nyauri, merga uwis padha judeg kabeh.
"Iki sing jenenge tisu." ujare Andi karo ngetokke tisu saka sak kathoke.
Sing padha lungguh nang ngarep padha mencak-mencak kabeh, aku uga.
"Hahaha gelem wae dapusi." Andi lan kanca kelas liyane padha ngguyu kepingkel - pingkel.
"Wola iki dasar Andi. Awas kowe yo." jawabe Jodi
"Gelut wae yo Ndi, emosi aku." Omonge Anto
"Hahaha santai - santai cah, rasah sepaneng. Gur guyon." Tambahe Andi
Awale aku wis deg-degan, jebule iki mung guyonane cah kelas. Lebar kemis minggu, e lebar nangis aku trus ngguyu.
_________________________________________